* KETERANGAN SAWATAWIS *
KATERANGAN SAWATAWIS
~ PATIGENI : Tegesipun boten mirsa latu, sarta boten dhahar lan boten ngunjuk;
~ PUWASA : Boten dhahar sarta boten ngunjuk kajawi manawi luwé sanget, sarta ngelak;
~ NGLOWONG : Kénging mirsa padhanging hawa, nanging boten kénging dhahar sarta boten kinging ngunjuk;
~ NGEBLENG : Boten kénging mirsa padhahging hawa, saha boten kénging dhahar sarta boten kénging ngunjuk;
~ MENDHEM : Boten kènging dhahar lan ngunjuk sarta kedah manggèn ing nglebet siti sarana dipun luwangi;
~ MUTIH : Ingkang kadhahar namung sekul pethak lan pangunjukanipun toya tawa;
~ NGEPEL : Tegesipun ingkang kadhahar sarana kakepel;
~ NGROWOT : Ingkang kadhahar bangsaning krowodan, boten kènging dhahar sekul lan ulam;
~ PADONING BEBED : Péranganipun sinjang ing pucuk dhawah nglebet.
Mugi-mugi dados Manfaat
Salam salim saking kawulo
Ki Naya Jati
Komentar